PIDHATO TEMA PENDIDIKAN
Assalamualaikum
Wr.Wb.
Nuwun, kawula
nuwun.
Bapak Kepala
sekolah ingkang tansah kinabekten
Para guru
ingkang tansah kawula hormati
Lan para
kanca ingkang daktresnani
Langkung
rumiyin sumangga kita ngunjukaken raos puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti
ingkang Murbeng Dumadi ingkang sampun paring kanugrahan dhumateng kita sedaya,
saengga kula lan panjenengan saged rawuh ing pahargyan punika. Sholawat saha
salam kita aturaken dhumateng junjungan kita nabi agung Muhammad Saw, mugi-mugi
kita pikantuk safaatipun ing yaumul akhir.
Para bapak
ibu guru ingkang kawula hormati, lan para kanca ingkang daktresnani
Dateng
kesempatan niki, kula badhe ngandaraken pidhato kula ngenani Program Pendidikan
ing sekolah niki. Program pendidikan anami SKS (Sistem Kebut Semester) ingkang
kita sedaya lakoni niki, kagungan aneka macem pro lan kontra saking
peserta didik utawa gurunipun.
Nanging,
peserta didik kadang salah tangkep kaliyan anane “UKBM” lan “Formatif” ingkang
ning umum kita kenal “tugas” lan “ulangan”. Peserta didik sering ngeluh ngenani
akihe tumpukan ukbm sing kudu dibarno. Nanging, justru iku seasline tantangan
bagi kita sedaya supaya saged berpikiran luwih trep. Amarga, menawi kita saged
nyelesaiaken tantangan UKBM lan Formatif niku sedaya, inshaaallah kita bakal
lancar-lancar mawon.
Dadi, pesen
kawula, mugi-mugi guru-guru diparingi seger kewarasan lan kesabaran atas
murid-murid kaya kula lan kanca sedaya. Sakliyone niku, kula dunga mugi-mugi
kita diparingi seger kewarasan lan kelancaran kangge saged nuntasake
tugas-tugas lan ulangan sedaya.
Para rawuh
ingkang sinudarsana,
Cekap
semanten anggen kula matur, bok bilih wonten atur kita ingkang kirang nuju
prana, wonten solah bawa ingkang kirang trapsila, kula tansah nyuwun cadhong
duka lan pangapunten. Salajengipun kula naming nyuwun mugi panjenengan sedaya
kersa angrantu ngantos saparipurnaning pahargyan punika.
Wasana,
wassalamualaikum wr.wb.
No comments:
Post a Comment